BASA NGOKO ALUS
Basa ngoko alus: basa
ngoko sing kecampuran karo karma inggil.
Sing
dikramakake inggil, yaiku:
1. Pegaweane wong sing
diajeni
Tuladha: -Ibu lunga pasar numpak becak. ( ngoko)
-Ibu tindak pasar nitih becak. ( ngoko alus)
2. Pegawean kang ditujokake marang wong
sing diajeni
Tuladha: -Dhik, layang iki kekna
Bapakmu! ( ngoko)
-Dhik, layang iki aturna
Bapakmu! ( ngoko
alus)
3.Duweke wong sing diajeni
Tuladha:
-Kaca matane simbah rusak. (ngoko)
-Kaca
tingale simbah rusak. (ngoko alus)
4. Ater-ater (awalan) lan panambang
(akhiran) ora dikramakake.
Tuladha: -Rotine wis dipangan Pakdhe.
(ngoko)
-Rotine wis didhahar Pakdhe. (ngoko alus)
- Omahe Bu Hastuti cedhak (ngoko)
- Daleme Bu hastuti cedhak (ngoko alus)
No comments:
Post a Comment